TEKS DRAMA MONOLOG

 NILAINE ELEK


Dino jumat aku ana pembelajaran saka sekolah tapi amarga ana covid akhir e kabeh dilaksanakne saka omah.

“wes jam pitu, tapi aku durung adus, durung salin, durung nyiapne buku, ealah alah” (ngresulo)

Drett drett (hpku muni)

“ehh ehh opo ki kok muni-muni” (kaget terus jupuk hp)

“ealah link absen karo link zoom, tak absen sek wes” (buka sms sing melbu mau)

“lohh hehh kok link ulangann to?! Kok yo 2 men ulangan e, aduhh aku durung sinau nisan, wes lah gaopo iso ki garap e gampang”

“bismillah, iso iki” (buka link sing diwenehi mau)

“aduhh kok soal e angel men to, soal e dowo-dowo nisan” (ngresulo)

“opo tak garap engko kabeh ae yaa?? Yaweslah digarap engko ae saiki pe main disek wong deadline e yo sek jam 4 an” (ora sido ulangan malah ditinggal ngegame terus turu)

Sakwise rong jam turu….

“enak e turu ngeneki, ehh ehh mau kan enek ulangan yaa, aduhh lalii” (cepet-cepet buka hp)

“aduhh wes jam 3 nisan, gung tak garap kabeh yaallah” (cepet-cepet garap soal)

“wes kirim ae ki bismillah”

“astaghfirullah nilaine kok 60 ngene, goro-goro gak sinau ki malah tak tinggal ngegame” (ngresulo)

“ngene ki yen ibukku ngerti aku bakal diseneni terus ga diolehi ngegame maneh”

“wes pokok e saiki kudu mbagi waktu antarane ngegame karo sinau” (rodo getuni)

Akhire aku sadar yen musim corona ngeneki intine kudu iso mbagi waktu.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

BEKERJA DENGAN SUBPROGRAM